topbella

Minggu, 27 Februari 2011

Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné gegutitan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
  • Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
  • Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basane katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané.
  • Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
  • Menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero.
  • Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
  • Tembungane pilihan

Wujud kasusastran

Minurut wujudé, kasusastran kuwi jinise ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakake katelune yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan kuwi awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon).

Tanduran obat kulawarga


Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Tanduran obat kulawarga (dicekak TOGA) iku tanduran asil budidaya omahan sing nduwèni minangka obat.Taman obat kulawarga sejatiné arupa lemah, sing ana ing pekarangan, kebon utawa tegalan siang dianggo nandur lan mbudidaya tanduran sing nduwèni kasiat obat kangggo kabutuhan kulawarga bab obat-obatan.Asil kebun tanduran obat utawa bahan obat lsabanjuré bisa disumrambahaké marang masyarakat sing mbutuhaké, utamané obat sing asal saka tetanduran. Budidaya tanduran obat kanggo kulawarga (TOGA) bisa macu usaha cilik lan menengah ing babagan obat-obatan herbal senadyan mung sacara individual.Saben kulawarga bisa mbudidaya tanduran obat sacara mandhiri, saéngga bakal wujud prinsip kemandhirian pengobatan kulawarga.

Gambar Berbagai Jenis Tanaman Obat Tradisional

Algo sobre mi