
Sabtu, 27 November 2010
SEKATEN
SEKATEN minangka tradhisi taunan kang digelar dening pemerintah Kota Ngayogyakarta mligine Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Saben sasi Mulud sekaten isih bisa ditemoni, kalebu wektu iki. Kasunyatan sekaten isih dadi punjering seni tradhisi kang tansah mekar lan antuk kawigaten dening para warga. Luwih-luwih kanggone para kawula ing tlatah Ngayogyakarta, kang diregengake Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS).
Sekaten sekawit nduweni teges minangka pengetan laire Nabi Muhammad SAW kang rikala semana ditepungake dening Wali Sanga. Mula ing adicara Sekaten iki bisa kapilah dadi 3 acara. Sepisan metune Gamelan Kanjeng Kyai Nagawilaga lan Kanjeng Kyai Guntur Madu saka papan panyimpenan bangsal Sri Manganti tumuju ing bangsal Ponconiti ing Kemandungan Lor, sabanjure dipindhahake ing plataran Mesjid Agung Ngayogyakarta kanthi kairing dening para abdi dalem lan punggawa kraton. Kapindho, pengetan dina laire Nabi Muhammad SAW kanthi njlentrehake riwayat Nabi ana ing Mesjid Agung Ngayogyakarta. Katelu, Ngarsa Dalem Kanjeng Sultan bakal paring sedhekah shodaqoh marang kawulane kanthi ngetokake gunungan kang digawe saka kabeh asil bumi anggone olah tetanen para warga ing acara Garebeg kang bakal direbutake dening para warga.
Sekaten pancen ora mung duweke warga Ngayogyakarta nanging akeh uga para pengunjung kang saka njaban kutha, kabeh iku minangka bukti menawa sekaten isih dadi panglipur tumraping warga. Perayaan sekaten taun iki saka pemerintah kutha Ngayogya-karta uga duwe gegayuhan supaya bocah sekolah melu nggrengsengake Pasar Malam Perayaan Sekaten. Panjangka iku pancen becik menawa bisa kaleksanan amarga kanthi nepungake marang siswa sekolah diajab aja nganti sekaten mung dadi crita nanging ing tembe isih ana kang bisa nerusake lan nyritakake makna kang ana ing sajroning perayaan sekaten. Mula kanggo nyengkuyung lan ngregengake sekaten iku disedhiyakake papan awujud panggung kesenian kanggo siswa ngatonake olah seni lan budaya. Kaya kang ditindakake dening siswa SMA Muham-madiyah 2 Ngayogyakarta kasil ngatonake seni tari, tembang uga maca geguritan, Selasa, 17 Februari 2009 kepungkur.
Iki mbokmenawa dadi salah sijining cara supaya sekaten aja nganti kepaten obor.
Kanthi kanyatan iku pancen kudu ana cara supaya sekaten bisa dingerteni dening bocah-bocah mligine siswa ing sekolah. Ing madyaning piwulangan ana Basa Jawa kang dadi muatan lokal wajib kang kudu diwulangake saben tataran sekolah saka sekolah dasar nganti sekolah menengah atas. Kanggo nepungke sekaten marang siswa bisa kanthi menehi jejibahan siswa supaya golek warta lan nulis babagan sekaten. Kejaba kanggo sarana sinau uga ngiras pantes kanggo gladhen siswa seneng nulis babagan budaya lan nguri-nguri tradhisi kang isih ana.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar